Kamis, 14 Agustus 2014

Selasa, 26 Juli 2011

Hoong wilaheng ngelono sarineng bawana langgeng mustikaning jagat Dewa Ruci. Hyang Maha suci Dewan ningsun, mustikaning dangyang jagat batara ismaya, manik maya, guru jati among raga, yang badranaya Dewa ningsun, sira ngembana mayungana mbiyantu dayani punapa ingkang dados asas tujuanipun gesang ingsun ing madya pada, paringana daya eleng bawa eleng waspada waskita, bagas waras badan sun sehat kuat kiat teguh rahayu selamet gesang langgeng ayem tentrem ing madyapada, dasare jagat kiblat sekawan wonten dasare alam jaman jumenengipun gesang sun salira tunggal.......


SEMBAH PANGABAKTI DUMATENG SEDULUR KANG 4.
Niat ingsun hangaturaken sembah pangabakti dumateng kakang kawah adi ari-ari ingkang lahir sakwat renteng-renteng, runtung-runtung pertapaan sanes panggonan kula aturi kempal manunggal dados setunggal wonten sisih ngajeng lan wingking, sisih kiwo lan tengen, sisih nginggil lan andap,
Ngebawono mayungono mbyantu dayani dateng titah jiwo rogo doyo roso sejati sejatineng sun saliro tunggal, arimbowo eleng waspada waskito wicaksono bagas waras badan sun sehat kuat kiat teguh rahayu slamet, gesang langgeng ayem tentrem sak garwo wayah-wayah jaler tuwen istri dasare kiblat sekawan, mbok bilih wonten kalepatan kuqang kasusilan lan kasopanan ingkang dipun sengojo lan mboten dipun sengojo paringono pangampuro ingkah agung nandang peteng paringono padang benter paringono howo doyo asrep nandang lali paringono luber kaluwiyan, nandang ruwed paringono ludang bubar luar sun saliro tunggal. .